Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/144

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

5] 495. Tjongkoging urip murni kang kukuh thu apa?

Tjongkogipun gesang murni ingkang kekah menika: purun dipuntuntun tijang-sepuh sarta Rama-bih ingkang baku, menapa malih tanpa odjrah-adjrih njuwun pitedahipun.
Piwulang kang ping sèket pitu.
ANGGER - ANGGER KANG PING PITU
LAN KANG PING SEPULUH.
KAADILAN KATULIK.

3] 496. Sebutna angger-angger kang ping pitu!

,,Adja njenjolong”’.

3] 497. Sebutna angger-angger kang ping sepuluh!

,,Adja mélik darbèking lijan".

4] 498. Angger-angger kang ping pitu lan kang ping sepuluh iku nḍawuhaké apa?

Angger-angger ingkang kaping pitu lan ingkang kaping sedasa menika nḍawuhaken: bilih kita tijang Katulik kedah nggegulang kautamèn kaadilan.

4] 499. Nglakoni kautaman kaadilan iku kaprijé karepé?

Nglampahi kautamèn kaadilan menika kadjengipun: njukakaken ḍateng saḍéngah tijang samukawis ingkang dados hakipun, tuwin lega-lila ngéklasaken hak wau.

6] 500. Pasamuwan Sutji mulang apa mungguhing milik?

Menggahing milik Pasamuwan Sutji mulang:

142