Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/143

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

5] 490. Angger-angger kang kasanga iku nglarangi apa?

Angger-angger ingkang kaping sanga menika ngawisi: sawernining dosa djenes ingkang kabatos, kadosta:
  1. kepéngin dateng prekawis djenes;
  2. mikir-mikir prekawis djenes kalajan ndjarag lan seneng.

5] 491. nDjaga kamurnèn kang prajoga ḍéwé iku kaprijé?

nDjagi kamurnèn ingkang prajogi pijambak menika menawi kita njingkiri sadaja gagasan tuwin tandang-tanduk ingkang saru-saru tur mawi kadjarag, menapa malih manganggé, ingkang murang tata-trapsila,

5] 492. Urip murni iku maédahi apa?

Gesang murni menika: njentosakaken kadjeng, mulungaken manah dateng ingkang luhur lan ingkang saé, sarta murugaken damel tentrem-ajeming manah.

5] 493. Laku djenes iku temahané kaprijé?

Lampah djenes menika ngrisak burus lan lurusing manah, lan nenuntun ḍateng dosa werni-werni.

5] 494. Jèn arep urip murni iku kudu kaprijé?

Jèn baḍé gesang murni menika kedah:
  1. njingkiri samukawis ingkang mbebajani;
  2. matiraga;
  3. kerep ngaken dosa lan nampi Kumini Sutji;
  4. sungkem-bekti ḍateng Kangdjeng Ibu Dèwi Marijah.

141