Kaca iki wis divalidasi
Piwulang kang ping sèket nem.
ANGGER - ANGGER KANG KANEM
LAN KASANGA.
KAMURNÈN KATULIK.
3] 486. Sebutna angger-angger kang kanem!
- ,,Adja laku djina!”
3] 487. Sebutna angger-angger kang kasanga!
- ,,Adja mélik prakara djina".
6] 488. Sebab apa aku kudu pada urip murni?
- Kula kedah sami gesang murni:
- sebab kula sami boten kénging migunakaken badan kula tjengkah kalijan karsa Dalem Gusti Allah.
- sebab badan kula menika gegelitan-Dalem Sang Kristus sarta pedalemaning Hjang Roh Sutji.
,,Gusti Allah ora nimbali aku marang djedjenes nanging marang kasutjian. Sing sapa njepèlèkaké prekara iki, njepèlèkaké Gusti Allah pijambak, kang uga wis maringaké Roh Dalem kang Sutji marang kowé".
T. Thess. 42" 7.6.
6] 489. Angger-angger kang kanem iku nglarangi apa? Angger- angger menang kaping nem menika ngawisi:
- sawernaning lampah djenes;
- samukawis ingkang nenarik dateng dosa djenes, kadosta: solah-tingkah, neningali, pawitjantenan, menjanjian lan waosan, tonil lan gambar-hidup ingkang saru.
140