Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/141

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. misakiti, natoni utawi medjahi tijang sanès;
  2. njengkakaken pedjahipun utawi damel ngenesipun tijang sanés.

5] 483. Nerak angger-angger kang kalima mawa tetembungan iku kaprijé?

Nerak angger-angger ingkang kaping gangsal mawi tetembungan menika: njerikaken tijang sanès, njupatani, mojoki, njenjenggring.

5] 484. Nerak angger-angger kang kalima ing sadjroning ati iku kaprijé?

Nerak angger-angger ingkang kaping gangsal ing salebeting manah menika: nesu, sengit lan mèri.

5] 485. Jén ana wong kang nandukaké ala marang aku, aku kudu kaprijé?

Jén wonten tijang ingkang nandukaken awon ḍateng kula, kula kedah nulad Sang Kristus, inggih menika: terus ing manah ngapunten lepatipun, sarta boten kénging males awon.
,,Rasul Pétrus mareg ing ngarsané Gusti sarta mundjuk: ,,Gusti, jèn wonten saḍèrèk nandukaken awon ḍateng kula; anggèn kula ngapunten lepatipun kedah kaping pinten? Menapa ngantos kaping pitu?” Gusti paring wangsulan: ,,Aku kanḍa ing kowé: ora mung ping pitu, nanging ping pitung puluh kaping pitu", Matt. 18 : 21, 22,

139