Kaca iki wis divalidasi
- pengageng menika, jèn pengageng mréntahaken prekawis ingkang dosa.
- ,,Rasul Pétrus lan para Rasul lijané paḍa paring wangsulan:,,Manungsa kedah langkung mbangun-miturut dateng Gusti Allah tinimbang dateng tijang".
Acta 5: 29.
Piwulang kang ping sèket lima.
ANGGER - ANGGER KANG KALIMA.
URMAT MARANG URIPING WONG.
3] 479. Sebutna angger-angger kang kalima!
- ,,Adja gawé radja pati".
5] 480. Angger-angger kang kalima iku nḍawuhaké apa?
- Angger-angger ingkang kaping gangsal menika nḍawuhaken: urmat dateng gesang lan kasarasaning badanipun pijambak tuwin sesami.
5] 481. Nandukaké ala marang badané déwé iku kaprijé? Nandukaken awon ḍateng badanipun pijambak menika :
- ndjarag nenatoni badanipun pijambak utawi nglalu.
- kaduk wani mbekta gesang utawi kasarasanipun dateng papaning bebaja.
5] 482. Nandukaké ala marang badané wong lija iku kaprijé?
- Nandukaken awon dateng badanipun tijang sanès menika: tanpa nggadahi panguwaos ingkang absah utawi tanpa djalaran ingkang maton:
138