Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/139

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
    „Déné kowé para bapa, adja gawé seriking anakmu; nanging perdinen manut aturan lan piwulanging Pangéran. Eph. 6 4.

6] 475. Sebabé apa déné penggeḑé rohani utawa djasmani iku kudu diurmati?

    Pengageng rohani utawi djasmani menika kedah dipunurmati, awit: panguwasa lan wewenangipun asalipun saking Allah.

6] 476. Kuwadjibanku marang Pasamuwan Sutji iku apa?

    Kuwadjiban kula ḍateng Pasamuwan Sutji menika:
    1. tresna ḍateng Ibu kita Pasamuwan Sutji tjaraning putra sedjati.
    2. mbangun-miturut ḍateng paréntahipun tanpa wonten kekiranganipun.

6] 477. Kuwadjibanku marang Pradjaku ḑéwé iku apa?

    Kuwadjiban kula ḍateng Pradja kula pijambak menika:
    1. Ngatingalaken katresnan kula ingkang sedjati ḑateng tanah tuwin bangsa kula;
    2. mbangun-miturut ḑateng paréntahipun ingkang absah sawetah-wetahipun.
    „Saḑéngah wong kudu dierèh ing paréntah kang luwih duwur, awit sakabèhing panguwasa iku asalé saka Allah: semono uga kowé kudu bajar padjeg, awit panggeḑé iku abdining Allah”". Rom. 13 1. 6.

5] 478. Kenané mbangkang marang ḑawuhing penggeḑé iku jèn kaprijé?

    Kéngingipun mbangkang ḑateng ḑawuhing

137