Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/136

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
    1. jèn tanpa djalaran ingkang maton;
    2. jèn namung goroh - gorohan;
    3. jèn prasetya kanți sumpah baḑé nindakaken prekawis ingkang dosa.

6] 460. Prasetya iku apa?

    Prasetya menika: apredjandji nindakaken prekawis ingkang saé ḑateng Gusti Allah lan ngaken wadjib mawi kakantjingan dosa.

6] 461. Jèn arep prasetya iku prajogané kaprijé?

    Jèn baḍé prasetya menika prajoginipun njuwun pitedahipun Rama-bih rumijin.

6] 462. Nerak angger-angger kang kapinḑo iku kaprijé?

    Nerak angger-angger ingkang kaping kalih menika:
    1. ngutjapaken Asmaning Allah boten urmat;
    2. supata;
    3. njenjamah ḍateng Gusti Allah;
    4. sumpah goroh-gorohan;
    5. tjidra ing prasetya.

5] 463. Supata iku kaprijé karepé?

    Supata menika: mudjèkaken awon saking Gusti Allah ḑateng badanipun pijambak utawi ḍateng tijang sanès.

5] 464. Jèn kaprijé: supata iku mung dosa tjilik?

    Supata menika namung dosa alit menawi namung dipunanggé ngedalaken pitembungan ingkang kasar.

134