Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/135

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Piwulang kang ping sèket loro.
ANGGER-ANGGER KANG KAPINḌO.

NGLUHURAKÉ ASMANING ALLAH.

3] 455. Sebutna angger-angger kang kapinḑo.

    „Adja ngutjapaké Asmané Gusti Allahmu tanpa perlu”.

4] 456. Angger-angger kang kapinḑo iku madjibaké apa?

    Angger-angger ingkang kaping kalih menika madjibaken: saben ngutjapaken Asmaning Allah lan Asma Dalem Kangdjeng Gusti Jésus Kristus kedah tansah kanți urmat.
      „Ing sakurebing langit ora ana Asma lijané pinaringaké marang umat manungsa, kang dadi margané aku kudu paḍa nemu karahajon”.

      Acta 4 12.

5] 457. Sing gawé luhuring Asma Dalem kang Mahasutji kanṭi mirunggan iku tindak apa?

    Ingkang damel luhuring Asma Dalem Ingkang Mahasutji kanți mirunggan menika: sumpah lan prasetya.

5] 458. Sumpah iku apa?

    Sumpah menika: njebut Gusti Allah kanți semuwa, supados karsa njeksèni, menawi baḑé gineman ingkang njata utawi baḍé netepi ingkang dados prasetya kula.

6] 459. Sumpah iku dadiné dosa jèn kaprijé?

    Sumpah menika dadosipun dosa:

133