Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/134

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
    1. Pandjenenganipun menika dados lantaranipun sadajaning sih; sarta margi pangèstunipun-tjaraning-Ibu-sedjati, saged ngangsalaken samukawis saking Gusti Allah.
    Dina rijajané Dèwi Marijah djumeneng Ratu Putri 31 Mei.

5] 453. Nélakaké katresnan marang Kangdjeng Ibu Dèwi Marijah kang prajoga déwé iku kaprijé?

    Nélakaken katresnan ḍateng Kangdjeng Ibu Dèwi Marijah ingkang prajogi pijambak menika mekaten:
    1. muljakaken rijajanipun kalijan Pasamuwan Sutji;
    2. njuwun pangèstunipun saben dinten, langkung-langkung jèn dipungoḍa utawi manggih bebaja;
    3. ingkang saé pijambak: nulad sugengipun.

    Sembahjangan Malaékating Allah.
    Sembahjangan Rosario Sutji.
    Nganggo sekapulir.

4] 454. Apa sebabé Santo Jusup iku prajoga dibektèni kanti istimếwa?

    Santo Jusup menika prajogi dipunbektèni kanți istiméwa, awit: Santo Jusup menika Ramaemban Dalem Sang Kristus, Garwa Dalem Kangdjeng Ibu Dèwi Marijah, Santo Pangajomaning Pasamuwan Sutji lan Santo Pangajomaning para berah.
    Dina rijaja: 19 Maret, 1 Mei.
    Rijajané Santo Jusup, Santo Pangajomaning Pasamuwan Sutji.
    Sasi Maret.

132