Kaca iki wis divalidasi
4] 449. Ngabekti marang para Sutji iku kaprijé?
- Ngabekti dateng para Sutji menika mekaten:
- njuwun pangèstunipun lan muljakaken dinten rijajanipun;
- ngurmati retja lan rélikwinipun;
- langkung-langkung nulad tulaḍanipun.
4] 450. Sing diarani rélikwi iku apa?
- Ingkang dipunwastani rélikwi menika:
- tilas-tetilaranipun para Sutji, utawi barang ingkang sampun kasutjèkaken margi magepokan kalijan para Sutji.
3] 451. Sing kudu dibektèni ngluwihi para Sutji kabèh iku sapa?
- Ingkang kedah dipunbektèni nglangkungi para Sutji sadaja menika: Dèwi Marijah, Kenja ingkang dahat Sutji tur Ibuning Allah.
- ,Wiwit saiki aku bakal diluhuraké ing sakabèhing bangsa; awit Kang Maha kuwasa wis karsa nindakaké prakara kang luhur-luhur marang aku".
Luc. 1 48, 49.
- Dina Setu - Sasi Mei - Sasi Oktober.
5] 452. Sebabé apa Sang Kenja Sinutji iku kudu dibektèni ngluwihi para Sutji kabèh?
- Mila Sang Kenja Sinutji menika kedah dipunbektèni nglangkungi para Sutji sadaja, awit:
- Pandjenenganipun menika Ibuning Allah lan ugi Ibu kula sadaja.
- Pandjenenganipun menika ngungkuli para Malaékat lan para Sutji sadaja menggah ing sih lan kasutjianipun.
131