Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/132

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
    1. Pandjenenganipun sampun karsa ngangkat kula dados putranipun margi sih Dalem.

5] 446. Jèn wis sembahjang ,,Kangdjeng Rama" lumrahé bandjur sembahjang ,,Sembah bekti" iku perluné apa?

    Jèn sampun sembahjang ,,Kangdjeng Rama" limrahipun ladjeng sembahjang ,,Sembah bekti" menika perlunipun:
    1. tjaos pakurmatan ḍateng Kangdjeng Ibu Dèwi Marijah.
    2. supados Kangdjeng Ibu karsa nglantaraken panjuwun kula kondjuk ing Allah.

4] 447. Patuté sembahjang iku pendak apa?

    Pantesipun sembahjang menika:
    1. jèn tangi lan jèn mapan tilem;
    2. ngadjengaken lan bibar neḍa;
    3. jèn wonten ing grédja;
    4. jèn dipungoḍa lan jèn manggih bebaja.
      ,,Gusti, kula aturi muruki sembahjang".

Luc. 11 : 1.


Piwulang kang ping sèket sidji.
PANGABEKTI MARANG PARA SUTJI.


6] 448. Apa sebabé déné para Sutji iku pada takbektèni?

    Para Sutji menika sami kula bektèni, sebab sih- ing Allah makarja kanṭi mirunggan wonten ing para Sutji, saha para Sutji menika sakelangkung tuhu ing pangabdinipun ḍateng Sang Kristus, menapa malih sami djumeneng lantaran kula wonten ing Swarga.

130