Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/131

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

5] 441. Sing kudu taksuwun iku luwih-luwih apa?

    Ingkang kedah kulasuwun menika: langkung-langkung samukawis ingkang perlu utawi maédahi dateng karahadjengan kula pijambak utawi karahadjenganipun sesami.

5] 442. Apa njuwun barang kadonjan iku ija kepareng?

    Njuwun barang kadonjan menika inggih kepareng kémawon, nanging kula kedah sumarah dateng karsaning Allah, ingkang pirsa pundi ingkang maédahi lan pundi ingkang mitunani gesang kula.

5] 443. Pada-pada sembahjangan, endi kang nduwèni daja mirunggan?

    Sami-sami sembahjangan ingkang nggaḍahi daja mirunggan menika sembahjanganipun Pasamuwan Sutji ingkang katindakaken ing upatjaraning pangibadah umum.

3] 444. Sembahjangan kang diwulangaké Gusti Jésus iku sembahjangan sing endi?

    Sembahjangan ingkang dipunwutjalaken Gusti Jésus menika sembahjangan ,,Kangdjeng Rama". Menika sampun ngemot samukawis ingkang kedah kula suwun.

5] 445. Apa sebabé déné aku pada njebut Gusti Allah ,,Kangdjeng Rama"?

    Mila kula sami njebut Gusti Allah,,Kangdjeng Rama", awit:
    1. Pandjenenganipun sampun karsa nitahaken kula miturut pepetan sarta tjitra Dalem.

129