Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/130

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
„Kawula aturi ngesokaken kabingahan wonten ing manahipun ingkang abdi, awit ḍumateng Sampéjan Dalem kawula ngaḍepaken budi kawula, ḍuh Gusti. Djer Sampéjan Dalem, ḍuh Pangéran, ambeg saé tuwin welas, sugih sih palimirma ḍumateng sinten kémawon ingkang njebut Asma Dalem”.

Ps. 86. 4. 5.


5] 438. Sebabé apa sembahjang iku perlu?

Sembahjang menika perlu, awit:
  1. kula kedah ngluhuraken Allah;
  2. Sang Kristus pijambak ingkang ḍawuh;
  3. sembahjang menika srana ingkang limrah minangka angsal sih Dalem ingkang kula betahaken kanggé nggajuh karahadjengan.


4] 439. Jèn sembahjang iku kudu kaprijé?

Jèn sembahjang menika kedah urmat, migatosaken, pitados lan tlatos, mawi lantaran Dalem Sang Kristus.
„Aku pitutur ing kowé: samubarang kang koksuwun sadjroning sembahjang, pitajaa jèn wis kaleksanan; mengko rak mesti diparingi”.

Marc. 11 : 24.


5] 440. Apa kang kudu tak-lakoni sadjroning sembahjang?

Salebetipun sembahjang kula kedah:
  1. tjaos pangabekti, pangalembana tuwin atur panuwun dateng Gusti Allah.
  2. njuwun pangapuntening dosa kula ḍateng Allah.
  3. njuwun sih pitulungan sarta nugraha kanggé badan kula pijambak tuwin kanggé tijang sanès.

128