Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/129

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

5] 434. Nradjang angker iku apa?

Nradjang angker menika: damel tjamahing tijang utawi barang ingkang sampun kasutjèkaken kondjuk ing Allah kanți mirunggan.

6] 435. Dosa nradjang pangibadah iku sing endi?

Dosa nradjang pangibadah inggih menika: boten naté sembahjang utawi sembahjang boten urmat, nglirwakaken nḍèrèk kurban Mis Sutji, kasekeḍiken nampi Sakramèn-sakramèn.

6] 436. Dosa ora sumarah marang karsaning Allah iku kaprijé?

Dosa boten sumarah dateng karsaning Allah menika: boten narimah, langkung-langkung jèn manggih kasusahan lan reribed.
„Gusti Jésus ngendika: panganku jaiku ngèstokaké ḍawuhé Pandjenengané, kang ngutus Aku, lan nindakaké pakarjané”. Joh. 4: 34.
„Pandjenengané nebih setitik, ungkep-ungkep sembahjang lan ngendika:„Rama, menawi saged, kalilana tuwung menika sumingkir, éwa semanten boten kados ingkang kawula kadjengaken, nanging kadosa ingkang sampéjan Dalem kersakaken”. Matt. 26: 39.
Piwulang kang ping sèket.
SEMBAHJANG.

6] 437. Sembahjang iku apa?

Sembahjang menika: satunggiling tindak ngibadah, ingkang ngadepaken budi tuwin manah kula ḍateng Allah.

127