Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/128

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

6] 428. Kang dadi puseré „Pangibadah umum” iku apa?

Pusering „pangibadah umum” menika Kurban Mis Sutji.

6] 429. Généa Tyas Dalem Sri Jésus kang Maha sutji iku ditjaosi pangabekti lan pakurmatan kang mirunggan?

Mila Tyas Dalem Sri Jésus ingkang Maha sutji menika tjinaosan pangabekti lan pakurmatan ingkang mirunggan, awit Tyas Dalem menika dados perlambanging katresnan Dalem.

6] 430. Ngabekti lan ngurmati Tyas Dalem iku tjarané kaprijé?

Tjaranipun ngabekti lan ngurmati Tyas Dalem menika: langkung-langkung males tresna lan tjaos pepulih kiranging pakurmatan.
Dina-rijajané Tyas Dalem.
Djumuwah kapisan.

5] 431. Nerak angger-angger kang kapisan iku kaprijé?

Nerak angger-angger ingkang kapisan menika:
  1. njembah brahala, gugon tuhon, lan nradjang angker;
  2. dosa-dosa ingkang tjengkah kalijan pangibadah lan tawakup utawi sumarah dateng karsaning Allah.

5] 432. Njembah brahala iku apa?

Njembah brahala menika: ngabekti dateng titah kados déné ḍateng Allah.

5] 433. Gugon tuhon iku apa?

Gugon tuhon menika: nganggep dateng tijang utawi barang anggadahi daja ingkang pantjèn boten dipungaḍahi.

126