Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/127

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
saha bilih kula menika babar pisan gumantung saking Pandjenenganipun.

6] 424. Pangibadah sing endi, kang kudu takundjukaké marang Gusti Allah?

Pangibadah ingkang kedah kula undjukaken dateng Gusti Allah menika: pangibadah batos tuwin lahir, menapa malih pangibadah umum.

6] 425. Ngibadah batin iku apa?

Ngibadah batos menika ngibadah ingkang kula tindakaken wonten ing salebeting manah.
,Tresna marang Allah kanți ngetog ati,ngetog budi lan ngetog kekuwatané, apadéné tresna marang pepada kaja marang awaké déwé, iku luwih betjik tinimbang kurban obong lan kurban sembelèhan". Marc. 12: 33.
,,Gusti Allah iku Roh, lan sing pada ngabekti ing Pandjenengané, kudu manembah krana roh lan kasunjatan".

Jo. 4: 24.

6] 426. Pangibadah lahir iku apa?

Pangibadah lahir menika pangibadah ingkang kaundjukaken dateng Gusti Allah srana tandang-tanduk, ingkang katindakaken mawi lantaran badan, kados déné: damel tanḍa-pamentangan, djèngkèng, ngutjapaken sembahjangan.

6] 427.,,Pangibadah umum" iku apa?

,,Pangibadah umum" menika: pangibadah ingkang katindakaken atas asmanipun Pasamuwan Sutji.
,,Jèn ana sadulur loro utawa telu ngumpul atas Asmaku, Aku ana ing tengah-tengahé".

Matt. 18 20.

125