Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/126

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
langkung-langkung margi sengit dateng Gusti Allah tuwin ḍateng sesami.

6] 420. Anggonku bisa nglakoni dosa nradjang keslametané sukmaning pepaḍaku iku luwih-luwih kaprijé tumindaké?

Anggèn kula saged nglampahi dosa nradjang kawiludjenganing sukmanipun sesami kula menika tumindakipun srana suka sanḍungan.

6] 421. Awèh sanḍungan iku kaprije?

Suka sanḍungan menika ndjarag mbudjuk tijang sanès supados nglampahi dosa, utawi margi tindak kula ingkang awon ngantos dados ḍaḍakan tijang sanès nglampahi dosa.
ANGGER-ANGGER SEPULUH ḌAWUHING

ALLAH.

ANGGER-ANGGER KANG KAPISAN.
Piwulang kang ping patang puluh sanga.
PANGABEKTI LAN PANEMBAH
MARANG ALLAH.

3] 422. Sebutna angger-angger kang kapisan!

„Adja nembah brahala, mung nembaha marang Aku baé, lan tresnaa marang Aku ngungkuli sakabèhé”.

5] 423. Apa tegesé manembah marang Gusti Allah?

Manembah dateng Gusti Allah menika tegesipun ngakeni lan ngluhuraken, bilih Gusti Allah menika ingkang nitahaken lan mangérani kula,

124