Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/124

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

3] 411. Dawuh Dalem sing kudu dièstokaké iku kang endi?

    Dawuh Dalem ingkang kedah dipunèstokaken, menika: Angger-angger sedasa ḍawuhing Allah; sarta Angger-angger gangsal ḍawuhing Pasamuwan Sutji.

4] 412. Ringkesané angger-angger dawuhing Allah iku kaprijé?

    Ringkesanipun angger-angger ḍawuhing Allah menika wonten ing ḍawuh Dalem Sang Kristus:
      ,,Ditresna marang Gusti Allahmu kanți ngetog atimu, ngetog sukmamu lan ngetog kekuwatanmu, apa manèh marang pepaḍamu kaja marang awakmu ḍéwé”.

4] 413. Pepadamu iku sapa?

    Sesami kula menika sadaja manungsa, ugi satru kula.

5] 414. Jagéné pepadamu iku kudu koktresnani kaja awakmu déwé krana Gusti Allah?

    Mila sesami kula kedah kula tresnani kados badan kula pijambak krana Gusti Allah: awit Gusti Allah pijambak inggih tresna dateng sadaja tijang.
      ,,Apa sing koktindakaké marang sedulurku kang asor déwé, iku koktindakaké marang Aku". Matt. 25: 40.

5] 415. Tresna marang pepada kaja marang awaké déwé iku kaprijé?

    Tresna ḍateng sesami kados ḍateng badanipun pijambak menika kadjengipun: ngadjab lan najogjani menawi tijang sanès manggih sadajaning kabegdjan sarta ngrengkuh tijang sanès

122