Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/120

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
    1. Allah menika anggandjar pendamel saé, niksa pendamel awon.

5] 397. Kapan anggonku pada nggegulang kautaman pengandel?

    Anggèn kula nggegulang kautamèn pengandel inggih menika:
    1. menawi kula nanggapi Sabdaning Allah kalajan ḍanganing manah.
    2. menawi kula gesang salaras kalijan pengandel kula.

5] 398. Apa ana kalané wong iku kewadjiban nglahiraké pengandelé ana ing ngarepé wong akèh?

    Inggih, wonten kalanipun tijang menika kewadjiban nglahiraken pengandelipun wonten ing ngadjengipun tijang katah, inggih menika jèn tindak wau pantjèn perlu murih kaluhuraning Allah utawi rahadjenging sesami.

6] 399. Dosa nerak pengandel iku kaprijé?

    Dosa nerak pengandel menika:
    1. boten purun ngandel, ngenut penasaran, ndjarag godjag-gadjeg;
    2. murugi bebaja tumraping pangandel.

6] 400. Ilangé pengandel iku djalaran saka apa?

    Itjaling pengandel menika:
    1. margi boten naté nḍèrèk wutjalan agami;
    2. margi mirengaken tijang ingkang mengsah agami.
    3. margi maos buku lan kalawarti ingkang merangi agami.

118