Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/12

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Bapa kawula ingkang sutresna, sarta baḍé nglampahi kuwadjiban kawula kanti saé.
Allah ingkang ambeg welas, wontena karsa Dalem maringi sih pitulungan dateng kawula, supados tuhu temen netepi nijat kawula menika.
Kangdjeng Rama......
Kawula pitados......
mBangun Pengandel......
mBangun Pengarep-arep......
mBangun Katresnan......
Malaékating Allah ingkang dados pamomong kula, saha saking sih kadarman Dalem dipun pasrahi ngreksa kula, kula aturi maḍangi, ndjagi, ngirid tuwin nuntun kula. Amin.
Sembah bekti kawula......... Dèwi Marijah ingkang pinurba mulus tanpa tjiri, mugi karsaa adamel murnining badan kula tuwin sutjining sukma kula.
(Sembah bekti lan Sembahjangan tjekak iki diambali ping telu minangka ngurmati Dèwi Mariah kang dahat murni: dikanṭèni sudaning siksa: 300 dina).
Gusti, mugi wontena karsa Dalem paring berkah tuwin pangajoman ḍateng kawula minangka nanggulang sadaja piawon saha karsaa nuntun ingkang abdi ngantos dumugi ing kalanggengan. Amin.
Mugi sukma-sukma ing latu pangresikan krana sih kawelasan Dalem sami manggiha katentreman langgeng. Amin.
Kondjuk ing Asma Dalem Hjang Rama, saha Hjang Putra, tuwin Hjang Roh Sutji. Amin.

Sembahjangan mangsané mangan.
(Sadurungé lan sawisé sembahjang mangsané mangan, gawé tanḍa pamenṭangan ḍéwé-ḍéwé, tanpa sabawa).

10