Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/117

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

4] 382. Nglakoni dosa gedé iku kélangan apa?

    Nglampahi dosa ageng menika kétjalan:
    1. Sih kasusantan.
    2. Dradjat anggènipun dados putraning Allah.
    3. Wewenang minggah Swarga.
    ,,Apa gunané kanggoné manungsa, bați sadjagad-rat, nanging kélangan uripé?"

Matt. 16 26.

3] 383. Wong nglakoni dosa gedé iku siksané apa?

    Tijang nglampahi dosa ageng menika siksanipun siksa langgeng wonten ing nraka.

5] 384. Dosa tjilik iku kaprijé?

    Dosa alit menika:
    1. nerak angger-anggering Allah menggah ing prakawis ingkang alit.
    2. nerak angger-anggering Allah ing prekawis ageng, nanging boten kanți ngertos ingkang terang sarta boten kanți gumolonging pikadjengan ingkang èstu merdika.

5] 385. Dosa tjilik iku gawé kapitunan apa?

    Dosa alit menika damel kembaning katresnan dateng Allah, lan danguning-dangu nggampilaken dumawah ing dosa ingkang langkung ageng.

3] 386. Wong nglakoni dosa tjilik iku siksané apa?

    Tijang nglampahi dosa alit menika siksanipun siksa ingkang boten langgeng wonten ing donja utawi ing latu pangresikan.

115