Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/116

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

6] 376. Kautaman-kasusilan iku kang baku sing endi?

    Kautamèn-kasusilan menika ingkang baku inggih menika: pengatos-atos, keadilan, kasantosan, lan duga-watara.
Piwulang kang ping patang puluh lima.
BAB DOSA.

4] 377. Dosa iku apa?

    Dosa menika: nerak angger-anggering Allah kanți ndjarag.

5] 378. Dosa iku kelakoné kaprije?

    Dosa menika kelampahanipun: margi gagasan lan pepénginan, margi tetembungan lan tindak-tanduk, mekaten ugi margi nglirwakaken kewadjibanipun.

3] 379. Apa sakabèhing dosa pada gedéné?

    Boten sadaja dosa sami agengipun: wonten ingkang ageng, wonten ingkang alit.

5] 380. Jagéné dosa gedé iku diarani dosa kang agawé pati?

    Mila dosa ageng dipunwastani dosa ingkang damel pedjah, awit dosa ageng menika damel itjaling Sih kasusantan; mangka Sih kasusantan menika dados gesanging sukma ingkang ngungkuli kodrat.

5] 381. Dosa gedé iku kaprijé?

    Dosa ageng menika nerak angger-anggering Allah ing prekawis ageng, kanți ngertos terang lan ndjarag saèstu.

114