nanging kedah terus ing manah: boten margi adjrih nanging margi tresna.
- „Sing diparingaké Gusti Allah iku dudu semangat wedi, nanging semangat katresnan, kang metu saka ati murni, kabatinan kang betjik, lan pengandel kang ora lamis”.
II Tim. 1 7 lan I Tim. 1: 5.
6] 372. Kautaman Katulik iku ana warna pira?
Kautamèn Katulik menika wonten warni kalih, inggih menika:
- Kautamèn-illahi, utawi kautamèn menggahing Allah.
- Kautamèn ingkang mrenata lampah-lampahing ngagesang, tindak-tanduking tijang, kelakuanipun; naminipun kautamèn-kasusilan.
6] 373. Kautaman - illahi iku ana pira?
Kautamèn-illahi wonten tiga, inggih menika: pengandel, pengadjeng-adjeng lan katresnan.
6] 374. Sebabé apa: kautaman pengandel, pengarep-arep lan katresnan iku diarani kautaman - illahi?
Mila kautamèn: pengandel, pengadjeng-adjeng lan katresnan menika dipunwastani kautamèn-illahi, awit tiga-tiganipun terus tumudju dateng Gusti Allah pijambak, lan inggih mligi karana Gusti Allah.
6] 375. Lah sing diarani kautaman-kasusilan iku sing endi?
Ingkang dipunwastani kautamèn-kasusilan menika kautamèn-kautamèn ingkang mrenata kasusilan salaras kalijan pengandel Katulik.