Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/114

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Piwulang kang ping patang puluh papat.
KAUTAMAN KATULIK.


5] 368. Jen mung ngerti piwulang Dalem Sang Kristus waé, apa iku wis djeneng tjukup?

Boten, jèn namung ngertos piwulang Dalem Sang Kristus kémawon, namanipun dèrèng tjekap: tijang inggih kedah gesang manut piwulang Dalem wau.
,,Ora angger wong sing mundjuk,,Gusti, Gusti" bakal munggah ing Kratoning Swarga, nanging sing ngèstokaké karsa Dalem Ramaku, kang ana ing Swarga".

Matt. 7 : 21.

4] 369. Rékané urip manut piwulang Dalem Sang Kristus iku kaprijé?

Gesang manut piwulang Dalem Sang Kristus menika: ngèstokaken angger-angger kados déné ingkang kawulangaken Sang Kristus.
,,Sing sapa ngerti lan ngèstokaké angger-anggerku, ija iku kang tresna marang Aku".

Jo. 14: 21.

5] 370. Ngèstokaké angger-angger kaja sing diwulangaké Sang Kristus iku karepé kaprijé?

Ngèstokaken angger-angger kados ingkang dipun wulangaken Sang Kristus menika kadjengipun: nggegulang kautamèn Katulik sarta njingkiri dosa.

6] 371. ngGegulang kautaman Katulik iku kaprije kelakoné?

ngGegulang kautamèn Katulik menika kelampahanipun: boten namung ing lahir kemawon,

112