Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/112

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

6] 366. Sebab apa déné Sakramentali iku maédahi banget marang aku - kowe?

    Sakramentali menika maédahi sanget ḍateng kula - pandjenengan, awit Pasamuwan Sutji pijambak ingkang njenjuwunaken berkahing Allah kanggé tijang ingkang nampi utawi migunakaken Sakramèntali wau.

5] 367. Penganggoné barang sing wis diberkahi iku kudu kaprijé?

    Penganggenipun barang ingkang sampun dipunberkahi menika kedah kanți urmat lan pitadjeng; boten kénging dipunanggep nggaḍahi daja-daja sanèsipun kedjawi ingkang dipunparingaken margi saking berkahipun Pasamuwan Sutji.
    Sakramentali sawetara:
    mBerkahi banju, lilin (2 Febr.), awu (dina Rebo-awu), godong palem (Ngahad-palem), lenga-lenga sutji (Kemis Putih), geni (Setu sepi). mBerkahi omah, wong lara, barang-barang sing dienggo.
    ,,Apa baé kang koklakoni, embuh srana tetembungan embuh srana solah-tingkah, tindakna kondjuk ing Asma-Dalem Sri Jésus, Pangéranmu, lan Hjang Rama tjaosana atur panuwun lantaran Pandjenengané".

Col. 3: 17.

110