Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/110

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

5] 359. Ngaranana alangan sing gedé déwé kang marakaké Idjabé ora kalilan?

    Alangan ingkang ageng pijambak ingkang murugaken Idjabipun boten kalilan, inggih menika tijang Katulik angsal tijang ingkang sampun baptis nanging boten Katulik. (Idjab-tjampuran).

6] 360. Sebabé apa Idjab - tjampuran iku banget ditjatjad lan dilarangi Ibu Pasamuwan Sutji?

    Idjab-tjampuran menika sanget dipuntjatjad lan dipunawisi Ibu Pasamuwan Sutji, awit:
    1. kanggé ingkang Katulik wonten bebajanipun kétjalan Pengandelipun ingkang Sutji, utawi boten merduli babar pisan menggahing Pengandelipun;
    2. sesémahan kados mekaten menika angèl sanget badé nggulawențah anak-anakipun tjara Katulik èstu;
    3. limrahipun Idjab-tjampuran menika ngalang-alangi rahadjenging brajat.

6] 361. Apa Idjab-kantor iku kanggoné wong Katulik wis djeneng absah?

    Kanggenipun tijang Katulik Idjab-kantor menika dèrèng absah.

5] 362. Idjab iku bisané pegat kaprije?

    Idjab menika sagedipun pegat namung jèn pedjah salah satunggal; dados pegatan wonten ing kantor boten damel bataling Idjab.
    ,,Marang kang pada sesomahan Pangéran pijambak, dudu aku, sing paring dawuh: sing wadon ora kena pisah karo sing lanang: éwadéné jèn meksa pepisahan karo sing

108