Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/109

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
    1. inḍaking Sih Kasusantan;
    2. Sih Pitulungan sagedipun sesémahan tjara Katulik, tresna - tinresnan, lan sesarengan nggulawențah anakipun kados samesţinipun.

6] 356. Dèk kapan anggoné wong lanang Katulik lan wong wadon Katulik pada nampakaké lan nampani Sakramèn mau?

    Anggènipun tijang djaler Katulik lan tijang èstri Katulik sami nampèkaken lan nampèni Sakramèn wau, inggih menika nalika sami ngu- tjapaken kasagahanipun badé dados sémah, wonten ing ngarsanipun Rama Pasturing Parokinipun, dipunseksèni saḍèrèk kalih.

6] 357. Omah-omah olèh angger wong iku apa mesti kalilan lan apa mesti absah idjabé?

    Émah-émah angsal uger tijang menika boten temtu kalilan lan boten temtu absah idjabipun, awit wonten alangan ingkang murugaken boten absah idjabipun.

6] 358. Ngaranana alangan sawatara kang marakaké Idjabé ora absah.

    Alangan ingkang murugaken idjabipun boten absah, upaminipun tijang Katulik angsal:
    1. tijang ingkang dèrèng dipunbaptis;
    2. tijang ingkang taksih gaḍah sémah;
    3. sadèrèk pijambak utawi saḍèrèk-ipé ing grad ingkang dipunawisi.

107