Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/108

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

6] 351. Kuwadjibané wong Katulik marang para Imam iku apa?

Kuwadjibanipun tijang Katulik dateng para Imam, abdi lan utusan Dalem Gusti Allah:
  1. urmat lan mbangun-miturut;
  2. njekapi kabetahaning sugengipun.
Sakramèn Kaimaman iku sing nampakaké Kangdjeng Biskop srana numpangaké asta lan sembahjang, apa manèh srana maringaké tanda-tandané panguwasa lan dradjading Imam marang kang diberkahi.
Piwulang kang ping patang puluh loro.
SAKRAMÈN IDJAB.

6] 352. Sakramèn Idjab iku apa?

Sakramèn Idjab menika Sakramèn ingkang andjalari tijang djaler lan èstri sami manunggil ing katresnan, supados kanți Sih pitulungan Dalem ngawontenaken Brajat Katulik.

5] 353. Sing jasa Idjab iku sapa?

Ingkang jasa Idjab menika Gusti Allah pijambak wonten Petamanan Pirdus; déné ingkang ngangkat dados Sakramèn, Gusti Jésus.

6] 354. Jèn nampa Sakramèn Idjab, sukmané kudu kaprijé?

Jèn nampi Sakramèn Idjab, sukmanipun kedah kasinungan Sih Kasusantan.

6] 355. Sakramèn Idjab iku ngolèhaké apa?

Sakramèn Idjab menika ngangsalaken:

106