Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/107

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

4] 348. Sing nampakaké Sakramen Kaimaman iku sapa?

Ingkang nampèkaken Sakramèn Kaimaman menika: namung Kangdjeng Biskop.

6] 349. Sakramen Kaimaman iku ngoléhaké apa?

Sakramèn Kaimaman menika ngangsalaken:
  1. tetengering sukma ingkang langgeng sarta murugaken nampi dum-duman saking Kaimaman Dalem Sang Kristus ingkang Sutji.
  2. inḍaking Sih Kasusantan, dipunkanțèni Sih Pitulungan sagedipun dados Djurulados Dalem Sang Kristus lan Pasamuwan Sutji ingkang sedjati.

5] 350. Apa sebabé déné aku pada diprajogakaké njenjuwun marang Gusti Allah kanți adrenging ati, supaja diparingi Imam kang sutji lan mungguh?

Kula sami dipunprajogèkaken njenjuwun ḍateng Gusti Allah kanți adrenging manah supados dipunparingi Imam ingkang sutji lan mungguh, awit Imam ingkang kados mekaten badé katah djasanipun menggahing Kaluhuran Dalem lan rahadjenging sukma.
Dina Kwatertèmper.
Kemis-Imam lan Setu-Imam.
Gusti Jésus njenjuwun:,,Kados déné kawula Sampéjan Dalem utus dateng donja, mekaten ugi tijang-tijang wau sami kawula kèngkèn dateng donja. Lan kawula nutjèkaken badan kawula pijambak krana tijang-tijang wau, supados ugi samia sinutjèkaken saèstu".

Jo. 17 : 18, 19.

105