Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/106

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
    djebadan Sutji iki lan marga gunging Sih kawelasan Dalem, muga-muga Gusti ngapura dosa-dosamu kabèh, kang koktindakaké marga anggonmu ndeleng (ngrungu, ngambu, ngrasakaké lan ngutjap, nggrajang, lan memarani). Amin”.
    Jèn ana wong lara arep nampa Sakramèn Lenga Sutji, sing rumeksa ngomah kudu njepakaké: médja tjilik satjeḍaké sing lara; médja mau dislèmèki taplak putih, ditumpangi salib, lilin loro (disumed), waḍah isi banju sutji, kapuk kapas lan banju ngombé seṭiṭik.


Piwulang kang ping patang puluh sidji.
SAKRAMÈN KAIMAMAN.

5] 346. Sakramèn Kaimaman iku apa?

    Sakramèn Kaimaman menika Sakramèn ingkang paring panguwaos ḍateng tijang ingkang tampi timbalan Dalem: minangka ngladjengaken Kaimaman Dalem Sang Kristus.
    „Iki mau paḍa tindakna minangka pangéling-éling marang Aku”.

Luc. 22 19. I Cor. 11: 24.

4] 347. Bubuhané Imam kang perlu ḍéwé iku apa?

    Bebahanipun Imam ingkang perlu pijambak menika:
    cngundjukaken Kurban Mis Sutji,
    nampèkaken Sakramèn-Sakramèn,
    mentjaraken Piwulang Dalem Sang Kristus.

104