Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/105

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Pangéran bakal paring panglipur. Jèn wongé nganḍut dosa, dosané bakal diapura".

Jac. 5 14. 15.

4] 342. Sakramen Lenga Sutji iku kudu diparingaké marang sapa?

Sakramèn Lisah Sutji menika kedah dipunparingaken ḍateng tijang ingkang sampun saged migunakaken budinipun sarta margi sakit utawi sepuhipun, wonten ing bebaja pedjah.

5] 343. Anggoné ngaturi Imam iku jèn larané kaprijé?

Anggènipun ngaturi Imam menika jèn sakitipun wonten bebajanipun pedjah, lan boten kénging ngentosi ngantos mèh pedjahipun.

5] 344. Ing sadjroné lara ana bebajané pati, kenané nampa Lenga Sutji ping pira?

Ing salebetipun sakit ingkang wonten bebajanipun pedjah menika anggènipun kénging nampi Sakramèn Lisah Sutji namung sapisan. Déné jèn sampun senggang, ladjeng sakit sanget malih lan nemahi bebaja pedjah malih, ladjeng kénging, malah kedah, nampi Lisah Sutji malih.

5] 345. Jèn wis paring Sakramèn Lenga Sutji, Imam bandjur paring apa manèh?

Jèn sampun paring Sakramèn Lisah Sutji, Imam ladjeng paring Berkah Dalem Kangdjeng Paus; ingkang sakit ladjeng tampi aflat lunasing siksa ing wekdal dumugining djandji.
Jèn Imam ngladèkaké Sakramen Lenga Sutji, sing lara diusar-usari Lenga Sutji ing pantjadrijané karo sembahjang mangkéné:,,Marga

103