Kaca iki wis divalidasi
Piwulang kang ping patang puluh.
SAKRAMEN LENGA SUTJI.
4] 339. Sakramèn Lenga Sutji iku apa?
- Sakramèn Lisah Sutji menika Sakramèn ingkang paring kekijatan ḍateng tijang sakit amrih saged tilar donja kados tijang Katulik sedjati.
4] 340. Jen nampa Sakramèn Lenga Sutji iku, sukmané kudu kaprijé?
- Menawi ingkang sakit taksih ènget, anggènipun tampi Lisah Sutji kedah kadunungan Sih kasusantan.
6] 341. Sakramèn Lenga Sutji iku ngolèhaké apa?
- Sakramèn Lisah Sutji menika ngangsalaken:
- wangsulipun Sih kasusantan utawi inḍakipun;
- Sih pitulungan sagedipun sabar nandang sakit tuwin sagedipun tilar donja kados tijang Katulik sedjati.
- pangapuntening dosa-dosa alit, lan ugi pangapuntening dosa-dosa ageng, menawi ingkang sakit wau sampun boten saged ngaken dosa;
- sarasing badanipun, semanten menika jèn damel rahadjenging sukmanipun.
- ,,Jen ana wong lara, ngaturana Imaming Pasamuwan Sutji, aturana njembahjangaké sing lagi lara, lan nglisahi atas Asmaning Pangéran. Lan sembahjangané sarta piandelé bakal awèh slamet marang sing lagi lara; déné
102