Kaca iki wis divalidasi
- sandéning siksa-siksa ingkang boten langgeng, ingkang taksih kedah dipuntemah sasampunipun dosanipun dipunapunten.
6] 334. Jèn Pasamuwan Sutji paring aflat, iku apa sing ditandjakaké?
- Jèn Pasamuwan Sutji paring aflat menika ingkang dipuntandjakaken tetempah Dalem Sang Kristus ingkang tanpa wates katahipun tuwin tetempahipun para Sutji ingkang langkung saking katah.
5] 335. Aflat iku warna pira?
- Aflat menika warni kalih:
- Aflat lunasing siksa,
- Aflat sudaning siksa.
5] 336. Aflat lunasing siksa iku ngolèhaké apa?
- Aflat lunasing siksa menika ngangsalaken sandéning sadaja siksaning dosa ingkang sampun dipunapunten.
6] 337. Bisané olèh aflat iku kudu kaprijé?
- Sagedipun angsal aflat menika kedah:
- kasinungan Sih kasusantan;
- nggaḍahi kadjeng badé tampi aflat;
- nindakaken pakarjan ingkang kaḍawuhaken.
6] 338. Apa aflat iku kena dienggo nulungi sukma-sukma ing Geni-Pangresikan?
- Aflat menika kénging kanggé nulungi sukma-sukma ing Latu - Pangresikan, kedjawi menawi wonten dawuhing Pasamuwan ingkang boten ngéngingaken.
101