Kaca iki wis divalidasi
- kuwasa tuwin wonten ing ngarsanipun Rama; anggèn kula ngaken dosa ingkang kantun pijambak sapriki sampun..........".
3] 329. Panutupé bih iku apiké kaprije?
- Panutuping bih saénipun mekaten:,,Sadaja dosa menika, tuwin dosa-dosa sanèsipun ingkang sampun naté kula lampahi, kula getuni saèstu; samenika kula njuwun absolisi tuwin denḍaning dosa".
3] 330. Jèn Imam paring absolisi, prajogané sembahjang apa?
- Jèn Imam paring absolisi, prajoginipun sembahjang,,mBangun keduwung".
3] 331. Jen wis bih, bandjur kaprijé?
- Jèn sampun bih, ladjeng sembahjang matur nuwun dateng Gusti, sarta njaosi denḍan ingkang dipunḍawuhaken Rama-bih.
Piwulang kang ping telung puluh sanga.
AFLAT (LUNASING SIKSA UTAWA SUDANING SIKSA KANG ORA LANGGENG).
5] 332. Aflat iku apa?
- Aflat menika sandéning siksa-siksa ingkang boten langgeng, saking kuwasaning Pasamuwan Sutji sak-djawining Sakramèn Pangakening dosa.
6] 333. Apa aflat iku ngolèhaké pangapuraning dosa?
- Boten, aflat menika boten ngangsalaken pangapuntening dosa; nanging namung ngangsalaken
100