Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/101

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. naliti kebatosan;
  2. mbangun keduwung ingkang saèstu.

5] 326. Naliti batin iku rékané kaprijé?

Naliti batos menika rékanipun mekaten: manah-manah dosa menapa lan pinten tjatjahipun ingkang sampun dipunlampahi, nerak:
  1. Angger-angger dawuhing Allah,
  2. Angger-angger dawuhing Ibu Pasamuwan Sutji,
  3. kuwadjiban-kuwadjiban saben dintenipun.

6] 327. Rékané mbangun keduwung kang prajoga déwé iku kaprijé?

Rékanipun mbangun keduwung ingkang prajogi pijambak menika srana nglelimbang:
  1. bilih tijang dosa menika baḍé dipunsiksa Gusti Allah ingkang Maha - Adil;
  2. bilih djalaran dosaning manungsa Gusti Jésus sampun nandang Sangsara ingkang kados mekaten sangetipun.
  3. bilih dosa menika damel gerahing penggalih Dalem Gusti Allah, ingkang Maha Luhur tuwin djumeneng Tuking sadaja kasaénan.

3] 328. Sadurungé ngandaraké dosané prajogané matur kaprijé?

Sadèrèngipun nganḍaraken dosanipun prajoginipun matur mekaten:
,,Rama, kula njuwun berkah". Sasampunipun menika ladjeng matur: ,,Kula ngakenaken dosa kula wonten ngarsaning Allah ingkang Maha

99