Kaca iki wis divalidasi
5] 321. Jèn wis ngemen-emenaké anggoné naliti dosa, meksa kelalèn ngebihaké dosané geḍé, apa anggoné bih mau ija bèrès?
- Inggih, jèn sampun ngemen-emenaken anggènipun nliti dosa, meksa kesupèn ngebihaken dosanipun ageng, anggènipun bih wau inggih bèrès, mandar dosa ageng ingkang kelangkip wau inggih katut dipunapunten.
5] 322. Apa dosa geḍé sing kelangkip mau ija isih kudu dibihaké?
- Inggih, dosa ageng ingkang kelangkip wau, samangsa kèmutan inggih taksih kedah dipunanḍaraken ing bih tjanḍakipun.
3] 323. Apa sing kudu taktindakaké bakda ngaku dosa?
- Bakda ngaken dosa kula kedah njaosi dendan ingkang dipunḍawuhaken Rama-bih.
4] 324. Ḍenḍan mau wudjud apa?
- Ḍenḍan wau wudjud: sembahjangan, utawi pendamelan saé sanèsipun ingkang dipunḍawuhaken Rama-bih, minangka tetempahing siksaning dosa ingkang boten langgeng.
Piwulang kang ping telung puluh wolu.
LAKU - LAKUNÉ WONG NGAKU DOSA.
4] 325. Laku-lakuné wong ngaku dosa iku kaprijé?
- Tijang ngaken dosa menika lampah-lampahipun mekaten:
- 1. njenjuwun ḍateng Hjang Roh Sutji, supados saged ngaken dosa kados samesṭinipun;98
- 1. njenjuwun ḍateng Hjang Roh Sutji, supados saged ngaken dosa kados samesṭinipun;