Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/10

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

mila sami njuwun sih pitulungan Dalem, supados sarana saking sangsara saha pamentanganipun ingkang Putra, béndjing satangining badan, kawula sageda nḍèrèk kamuljakaken. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula. Amin.

Kangdjeng Ratu ing Swarga.

Kangdjeng Ratu ing Swarga kawula aturi suka-suka, alélujah.

Awit ingkang sampun naté wonten ing guwa garba dalem, alélujah.

Sampun wungu saking séda kados pangandikanipun, alélujah.

Kula njuwun pangèstu dalem, alélujah.

Kenja Dèwi Marijah, kawula aturi suka-suka saha bingah-bingah, alélujah.

Awit Gusti jektos wungu saking séda, alélujah.

Ajo pada mundjuk,

Allah ingkang karsa damel bingahing djagad sarana wungunipun Putra Dalem Gusti kawula Jésus Kristus, kawula sami njuwun ing Sampéjan Dalem, supados lantaran ingkang Ibu Kenja Dèwi Marijah, kawula sageda angsal kabingahan langgeng. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula. Amin.

Prekara kang prajoga diangen-angen sadjroné sembahjang tesbèh.

I. Kabungahan Dalem:

  1. Sang Hjang Putra mandjalma.
  2. Dèwi Marijah tuwi Élisabèt.
  3. Sang Kristus mijos.
  4. Sang Timur katjaosaké marang Padaleman Sutji ing Jérusalèm.
  5. Sang Kristus kepanggih ana ing Padaleman Sutji ing Jérusalèm.

8