Kaca:Kapusan.pdf/16

Saka Wikisumber
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Kaca iki wis dikorèksi
ANAK ILANG BISA BALI

Nèng kriki bawah Saramacca ing kana nggon-nggonnané sak wernané iwak, Nanging iya iku iwak sing mung bisa urip nèng banju anyep kaya déné iwak Betik lan Pataka kecampuran karo Kuwik-Kuwik sing nyenengaké mbanget.

Iwak uga eneng sing lanang lan wadon. Uga bisa mundak kaya manungsa, mula nduwé anak wédok sing jenengé Soké. Soké iku ayu mbanget. Buntuté nyenengaké lan mripaté melok-melok,

Kawit cilik dèkné karo adik-adiké di kandani karo wong tuwané kong-kon ati-ati karo sing jenengé manungsa. Bapak ngomongi, nèk manungsa kuwi dong-dongan teka karo pancing.