Kaca:Kapusan.pdf/12

Saka Wikisumber
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Kaca iki wis dikorèksi

Sakbaré "maling" wis weruh sapa sing singsot, dekné mikir kepriyé manuk iku bisa kecekel karo dèkné. Déné dèwèkné kaliren mbanget, pikirané "maling" iku mau ndang warek wetengé. Amerga mincloké manuk nèng uwit duwur banget lan “maling” ora bisa mènèk, dèkné terus nggolèk akal liyané.

Kucingé molai ngelem manuké ngéné: "loh, dadiné sing singsot iku mau kowé, mustas? singsotmu jan apik mbanget lan aku iki ora tau mikir nék kowé iku mau bisa singsot apiké kaya ngono."

Mustas sing ora ngerti nek dèkné di sawang karo sakwijiné kucing iku mau, kagèt krungu omongané "maling". Dekné terus takon; "lah kowé iku sangka ngendi "maling"."

Kucingé semaur: "jawané iya mlaku-mlaku karo ngisis mergané nèng omah sumuk banget. Nanging krungu singsotanmu mau terus aku mbatin, sapa sing singsot apiké kaya ngono iya? Ora ngerti, kowé."

"Kowé iku aja sembrana karo aku maling. Singsotan kaja ngono waé kok ngomong apik."

Nanging kucingé purak-puraké ora krungu lan terus takon ngéné: "kowé iku ngomong apa ta mustas; réné medun supaya aku krungu."

Nanging mustas gèdèk lan semaur: “emoh, nèng ngisor iku nyamari banget,"