Kaca:Kangen Sekolah.pdf/79

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Kanca
Dening : Nabila Putri Kinanti (9E)

Kancaku...
Awakmu luwih saka obat
Pas aku ana masalah
Tak ileng awakmu dadi pahlawanku
Seng wes nyelametke aku saka kesedihan


Kancaku...
Awakmu wes kayak pelangi neng tengahe udan
Ngancani pas aku sedih
Tapi saiki aku kesepian
Amarga wektu seng isa ndadekne kayak ngene iki

Kancaku...
Ilinga aku senajan awakmu adoh saka aku
Nyeluka jenengku pas awakmu kangen karo aku
Cekelen omonganku menyang awakmu
Awake dewe mesti isa bareng-bareng
Ing liya wektu
Lan ngukir crita bab panguripan

TIPOLOGI GEGURITAN | 69