Kaca:Kangen Sekolah.pdf/77

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Kanca Sejati
Dening : Karla Kirana Salsabila (9E)

Kanggo sampeyan ...
Aku pengen sampeyan ngerti
Yen sampeyan pelangi ing uripku
Sampeyan nggawe dinaku warna-warni

Saiki aku ngerti yen sampeyan malaekat
Sing sabar ngadhepi nesuku
Eling aku nalika aku salah kanthi alus
Dadi pepadhang uripku nalika aku peteng
Sampeyan wong paling apik ing jagad iki
Saiki, sesuk, mbesuk
Aku bangga ketemu sampeyan
Muga-muga sampeyan ora bakal nilar aku

TIPOLOGI GEGURITAN | 67