Kaca:Kangen Sekolah.pdf/64

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Akhirat
Dening : Safira Cantika N. (9C)

Urip mung sedhela, kancaku
Ojo disiak-siakne
ngresiki atimu lan kuatake imanmu
Tansah eling marang Gusti Allah

Yen kepengin dadi wong sing manut
Banjur langsung tobat
Ucapake Salam lan solawat
Supaya slamet ing akhirat

Aja kakehan ngomong kasar
Kaya wong sing ilang
Cepet-cepet sadar
Tansah eling marang maha agung

Sregep - sregep menehi amal
Lan aja serakah
Amarga amal nggawa berkah
Lan Urip dadi Iuwih apik

54 | TIPOLOGI GEGURITAN