Kaca:Kangen Sekolah.pdf/55

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Mega
Denng : Rose Sita Rachman (9B)

Kasebar ing awang-awang
Putih, abu-abu, lan ireng
Werna-werna endah
Rerupa gelombang-gelombang ombak

     Kandel Ian ayu banget
     Nganti bagaskara ora bisa katon
     Pelangi uga katon ora kebak
     Amarga kemul nutupi dheweke

Adoh ing kana
Panutup jagad raya
Putih tipis
Medar ing ngendi-ngendi

     Ayu ora gawean
     Pengenaku ngrangkul dheweke
     Alus lan apik
     Endahe ora ana sing nandingi

TIPOLOGI GEGURITAN l 45