Kaca:Kangen Sekolah.pdf/53

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Lintang
Dening : Rahayu Ingratrimulya Saputri (9B)

Sumebyar ing cakrawala
Kelap-kelip katon endah
Gumantung ing langit ireng
Adu ayu karo rembulan

      Lintang...
      Nyenengake mripat sing nyawang
      Sapa wae bakal tresna
      Dirayu dening ayune para lintang

Karo rembulan, lintang nghiasi langit wengi
Nganti langit katon endah lan sumringah
Tanpa lintang...
Langit sepi lan katon nelangsa

TIPOLOGI GEGURITAN | 43