Kaca:Kangen Sekolah.pdf/52

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Wengi
Dening : Rahayu Ingratrimulya Saputri (9B)

Nalika langit wiwit peteng
Sinar bagaskara surup alon-alon
Manuk pada mabur mulih
Kanggo ngaso ing susuh kang ayem tentrem
     Langit saya suwi saya peteng
     Ninggalake cahya kang baturi sedina muput
     Sepi...
     Tanpa lintang tanpa rembulan
Ing wengi, kahanan katon anteng
Para tani padha kondur
Kanthi matur ing jero batin
Muga-muga sesuk teka isuk kang edi peni

42 | TIPOLOGI GEGURITAN