Kaca:Kangen Sekolah.pdf/51

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Penyemangatku
Dening : Rachma Dwi L (9B)


Periode pagebluk
sing ndadekake dina ora ana artine
Srengene sing bakal sumunar nalika esuk
Tetes udan sing mara-mara
teka ing wayah sore
Tansaya gawe siklus kauripanku
luwih semrawut
Sistem pendhidhikan sing saya rumit
Masalah kuota lan sinyal sing diremehake
Tumpukan tugas sing angel
Dikerjakne mesthi ana
Ndadekake aku kesed sinau mandiri
Nalika aku ngalami dina-dina sing ala
Kowe teka dadi pepadhang ing pepetenganku
Kowe minangka wong sing pancen menehi
inspirasi marangaku
Amarga kowe, dina-dina ku sajrone pagebluk iki
tansaya endah

TIPOLOGI GEGURITAN l 41