Kaca:Kangen Sekolah.pdf/50

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Sinau
Dening : M. Putra R.(9B)

Saben esuk budhal sekolah
Awak krasa seger sumyah
Golek ilmu ingkang berkah
Supaya mbesuk ora susah
      Ayo kanca sregep sinau
      Aja males nggayuh impenmu
      Nyenengake bapak ibu
      Ayem tentrem uripmu
Urip aja seneng nggresula
Sregep sinau lakonana
Dadi pawongan ing kang mulya
Miguna tumrap bangsa Ian negara

40 | TIPOLOGI GEGURITAN