Kaca:Kangen Sekolah.pdf/47

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Rembulan
Dening : Fidela Leilani D (9B)


Ing pungkasan sonten iki
Tan ana cahaya ingkang padhang
Ngliyake mega kang peteng dhedhet
Tanpa cahya rembulan
      Duh Gusti...
      Rembulan datheng pundi??
      Kula ngrantosi rembulan
      Cahyane sing sumorot ing saben bengi
Oh rembulan...
Cahyamu nan padhang njinglang
Lintang-lintang kang sumebyar-sebyar
Ingkang madangi sajroning jagad raya
     Wengi iki mung ana mega ireng
     Heh.. mega ireng nyingkira
     Aja ngalingi cahya rembulan
     Oh rembulan takenteni cahyamu

TIPOLOGI GEGURITAN l 37