Kaca:Kangen Sekolah.pdf/43

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Pahlawan Kamardikan
Dening : Angella Buana S. (9B)


Pahlawan, kang dadi dalan kamardikan
Awak kang ora wedi marang kematian
Nglelakke nyawamu dadi pondasine kebebasan
Kanggo bebaske rakyat saking penindasan

Pahlawan, kang awan bengi lawan maut
Ngalawan musuh-musuh kang semrawut
Marang kabeh lawan kowe ngajak gelut
Ra mikirke awakmu pada benjut

Indonesia saiki wes merdeka
Pahlawan, ingkang perjuangane tanpa sia-sia
Iki kabeh mergo perjuanganmu
Yaiku para pahlawanku

TIPOLOGI GEGURITAN I 33