Kaca:Kangen Sekolah.pdf/39

Saka Wikisumber
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Kaca iki wis divalidasi

Ing Taman Cedak Omahku

Dening : Syakira Hayyun Ramadhani (9A)


Isuk-isuk, bukaen jendela kamarmu...
Sawangen kae...
Birune langit...
Padange srengenge esuk iki...


Ing taman kae
Akeh tawon lan kupu rebutan madu
Capung lan kumbang rebutan kembang
Angin isuk nyebul ebun ing pedhut




Swara manuk kang endah...
Ngiringi lakonmu...
Sawangen kae...
Kembang werna-werni kang endah...

TIPOLOGI GEGURITAN | 29